Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : 5 Pidato Bulan Rajab Bahasa Jawa, Bisa Jadi Referensi 
Advertisement . Scroll to see content

3 Contoh Artikel Preskriptif Bahasa Jawa Singkat, Bisa Jadi Referensi Tugas Sekolah

Rabu, 06 September 2023 - 17:44:00 WIB
3 Contoh Artikel Preskriptif Bahasa Jawa Singkat, Bisa Jadi Referensi Tugas Sekolah
Contoh artikel preskriptif bahasa jawa (Freepik)
Advertisement . Scroll to see content

JAKARTA, iNews.id – Contoh artikel preskriptif bahasa jawa singkat berikut ini bisa menjadi referensi dalam mengerjakan tugas di sekolah.

Artikel preskriptif bahasa Jawa adalah salah satu jenis artikel dalam bahasa Jawa yang bertujuan memberikan saran atau pedoman pada pembaca. Biasanya, artikel ini berisi tutorial atau panduan.

Ciri-ciri artikel preskriptif antara lain:

1. Memiliki judul yang jelas dan menarik perhatian pembaca
2. Berisi penjelasan langkah-langkah secara terperinci
3. Menggunakan bahasa yang sederhana dan mudah dipahami
4. Memberikan contoh-contoh yang relevan dan dapat diikuti oleh pembaca
5. Menggunakan gambar, video, atau ilustrasi untuk memperjelas penjelasan

Berikut ini adalah contoh artikel preskriptif bahasa jawa singkat yang bisa disimak, dikutip berbagai sumber, Selasa (6/9/2023).

Contoh Artikel Preskriptif Bahasa Jawa Singkat

Contoh 1 Dhawet Goreng

Ing Indonesia iki ana maneka jinis dhawet, nanging sing paling unik yaiku dhawet goreng saka Purworejo, Jawa Tengah.

Senajan jenenge dhawet goreng, nanging ing penyajiane dudu dhawete sing digoreng. Jalaran sing digoreng yaiku bumbu lan racikan bahan-bahan liya kang disajekake ing samangkok dhawet goreng.

Beda kaya umume dhawet sing digawe saka glepung beras utawa pathi tela. Dhawet sing digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka glepung ganyong.

Pamilihan glepung ganyong minangka bahan utama jalaran ganyong duwe rasa legi kang khas.

Carane nggawe dhawet saka glepung ganyong iki padha karo dhawet umume. Glepung ganyong disampur banyu lan disaring. Sawise kuwi banjur digodhog.

Bareng dirasa cukup lan wiwit adhem. Dhawet banjur dicithak. Yen wis dicithak dhawet siyap diracik karo bahan-bahan liyane.

Bahan liyane sing diracik yaiku capar, tahu sing wis diris cilik-cilik lan digoreng, sambel, bawang goreng, lan juruh.

Unike juruh kang digunakake kanggo nggawe dhawet goreng iki ora kaya juruh ing dhawet umume kang digawe saka banyu gula. Juruh sing digawe kanggo nggawe dhawet goreng iki digawe saka nira klapa.

Sarehne juruhe nganggo nira klapa, rasa legi ing samangkok dhawet goreng iki luwih duwe rasa kang khas dibandhingake juruh kang digawe saka gula kang dicairake.

Sabanjure maneka bahan kang diracik dadi siji iki ndadekake rasa kang ing samangkok dhawet goreng ora mung seger lan legi, nanging uga pedhes lan gurih.

Campuran rasa kang maneka werna iki tansah ndadekake dhawet goreng duwe pandemen dhewe.

Rata-rata pawongan sing seneng karo dhawet goreng iki wong-wong saka njaban Purworejo kang kebeneran plesiran ing Purworejo.

Contoh 2 Kue Klepon

Pancen ana loro jenis resep kue iki sing dikenal neng tengah masyarakat, yaiku Resep Klepon Ketan lan Resep Klepon telo.

Ning wektu iki aku arep ngajak kanca kanca kanggo sinau nggawe Klepon Ketan kanthi isi gula abang Jawa.

Kajaba cara nggawene cukup gampang, bakal bakal sing dibutuhake dheweke pun karo gampang awake dhewe bisa tuku neng warung warung utawa mini mart cedhak omah awake dhewe.

Kajaba luwih ngirit, karo nggawe dhewe awake dhewe bisa mestekne menawa kue sing dipakolehake mengko ora ngandung bakal bakal berbahaya lan ora nggunakne pamerna kimia sing bisa menggangu kawarasan anggota keluarga. 

Kanggo luwih gamblange, ayo neruske detrail bakal lan cara nggawene neng ngisor.

Bakal bahan Resep Klepon

1. Glepung beras kanthi kwalitas apik saakeh 50 gram. Sabecike gunakne merek favorit sing wis cukup dikenal supaya pakolehe enak.

2. Pasta ijo Pandan saakeh kurang luwih 2 sendhok cilik utawa sendhok teh.

3. Glepung ketan lembut saakeh 250 gram. Luwih becik neng ayak dhikik supaya pakolehe mengko lembut. 

4. Gula jawa saakeh 190 gram nganti 220 gram. Iris tipis tipis supaya mengko gampang dimlebokake menjero adoanan kue klepon nya mengko.

5. Uyah lembut beryodium saakeh saprapat sendhok cilik utawa sendhok teh.

6. Banyu resik matang saakeh 280 ml. Gram. Bisa ditambahake utawa dikurangi nganti adonan pas.

7. Godhong pandan segar saakeh 1 lembar. Wisuh resik dhikik sadurung neng gunakne.

8. Injet saakeh saprapat sendhok cilik lan banyu saakeh 50 ml kanggo nggawe banyu kapur.

9. Kambil (aja ketuwan) lan parut. 

Cara nggawe Klepon

1. Jangkah pisan nggawe banyu ijet. Campur lan endapkan seprempat sendhok enjet lan banyune. Jupuk banyu Kapurnya saakeh 2 sendhok cilik.

2. Jupuk siji ajang kanggo adonan. Mlebokake 250 gram glepung ketan lan glepung beras saakeh 50 gram. Aduk rata kapindho bakal kesebut nganti tercampur rata.

3. Mlebokake 2 sendhok pasta pandan lan banyu kapur nya. Aduk sedhela.

4. Mlebokake banyu resik matangnya sethithik demi sethithik karo diaduk menjero adonan glepung neng dhuwur. Tambahake yen neng arasa adonan isih keliwat kental lan rudatin neng bentuk. 

5. Jupuk adonan didhuwur lan bentuk kaya bola nuli pipihkan. Cacah adonan ayo dipadhakne karo gedhene kue sing mengko arep neng gawe.

6. Jupuk sethithik irisan gula abang. Taruh neng dhuwur adoanan pipih neng dhuwur lan kemudia bentuk bulatan kaya bola. Lakoke proses iki nganti adonan rsep Klepon lan edan abang Jawane entek.

7. Panaske banyu kanggo merebus adoannay karo geni lagi cilik. Sakwise geni mendidih, mlebokake siji poro siji adonan bentuk nek didhuwur menjerone.

8. Tunggu nganti adonan melayang neng jero banyu rebusan nya. Tiriskan sedhela nuli jagakne dang-dangan.

9. Jupuk siji ajang ukuran lagi lan mlebokake parutan kambil, saprapat sendhok cilik agram lan godhong pandannya. Aduk lan campur nganti rata lan dang-dang sedhela.

10. Jupuk kue klepon didhuwur lan mlebokake kejero ajang parutan kambil neng dhuwur. Cukup gulingkan nganti lulang njabane tertutup parutan kambil. Baleni proses iki kanggo kabeh kue sing arep neng gawe.

11. Mestekne kabeh kanggonan lulang njaba klepon tertutupi kambil lan hidangkan.

Jebulna ora angel ta cara nggawe Klepon nganggo bahasa jawa dhuwur. Kajaba luwih maraske, jajanan iki uga tepat pisan kanggo kanca ombe teh utawa kopi neng esuk lan sore dina.

Kajaba kuwi, yen dudu awake dhewe, sapa meneh sing arep nglestarekne resep tradisional nusantara iki. Kanggo ide resep kue teles sing liya, ayo nyoba Resep Dadar Gulung Coklat utawa Resep Kue Putu.

Slamet nyoba lan aja lali share uga ya menyang keluarga lan kanca kanca sing liya.

Contoh 3 Sosis Solo

Ing kalanganane masyarakat Tionghoa kang mapan ing Solo. Kimlo dadi sawijining panganan andalan. Mung emane akeh masyarakat Solo kang ora wani mangan kimlo. Alesane merga daging kang digunakake kanggo masak kimlo yaiku daging babi.

Merga penasaran lan pengin nyoba kimlo. Masyarakat Solo kang ngrasuk agama muslim banjur nyoba nggawe kimlo kang halal. Carane yaiku daging babine diganti daging sapi, wedhus utawa ayam.

Sawise ngganti jinise daging, warga Solo isih durung marem. Merga panganan asil kreasine pengin beda karo kimlo. Masakan mau ditambahi sosis solo.

Unike, masia jenenge sosis solo nanging panganan iki babar pisan ora migunakake sosis. Ngenani asal-usule sosis solo iki dhewe ana telung panemu.

Sing kapisan yaiku ana panemu kang ngandhakake yen sosis solo iki mujudake panganan kang mujudake asil kreasine Sunan Paku Buwana X.

Kapindho yaiku panemu kang kandha yen sosis solo mujudakake kreasine masyarakat Solo kang kepingin nyoba nggawe sosis kang biyasane dipangan wong Eropa kanggo lawuh utawa kanca nalika mangan roti.

Sosis kang dipangan wong eropa ing jaman iku umume digawe nganggo susu lan bumbu tartamtu kang dirasa kurang cocok tumrap ilate wong Solo.

Kahanan iki kang ndadekake wong Solo muter utek. Bahan-bahan kang dibutuhake kanggo nggawe sosis mau banjur dibumboni kanthi maneka bumbu lan rempah-rempah kang dirasa cocog karo ilate wong Solo.

Sawise nindakake maneka percobaaan, wusanane masyarakat Solo kasil nggawe masakan sairip sosis sing kulina dipangan wong-wong eropa nanging cocok karo ilate wong Solo.

Panganan mau banjur diarani sosis solo. Masia bentuke padha, nanging sosis solo iki klebu jinise jajanan lan dudu lelawuhan.

Saengga sosis solo iki mung didadekake cemilan utawa digunakake campuran panganan liya. Salah sijine yaiku timlo solo.

Panemu kaping telu yaiku ana kang ngandhakake yen sosis solo iki mujudakake kreasine wong tionghoa kang kepingin nggawe sawijining jajanan kang bisa disenengi kaum ningrat lan bangsa kolonial.

Bahan-bahan kang digunakake kanggo nggawe sosis solo bisa diperang dadi loro yaiku bahan kango nggawe kulit lan bahan kanggo nggawe isi.

Ngenani bahan kanggo nggawe kulit ing antarane yaiku endhog, santen, glepung terigu, uyah, lan lenga sacukupe.

Dene bahan kanggo nggawe isiane yaiku daging giling, uyah, gula, santen, endhog, lan lenga kanggo numis. Ngenani bumbune yaiku bawang, brambang, miri, tumbar, lan jinten.

Carane nggawe kulit yaiku kabeh bahan dicampurake lan diudheg. Sawise kuwi didadar tipis lan sekirane wis mateng disisihake dhisik.

Kanggo nggawe isiane yaiku bumbu-bumbu kang dibutuhake iku mau dialusake kabeh. Sawise kuwi ditumis nganti wangi.

Yen wis wangi daging gilinge dilebokake lan dienteni nganti daginge malih rupane. Sawise kuwi santen, uyah, lan gula ditambahake. Masak nganti kabeh bumbu rumesep.

Yen wis kabeh bumbu rumesep. Kulit sing disisihake mau banjur diiseni nganggo bahan-bahan kanggo isian. Yen kabeh kulit diisi. Banjur dikukus udakara 15 menit.

Sawise mateng banjur diangkat lan dienteni adhem. Yen wis adhem banjur digoreng nganti kuning kecoklatan. Sosis solo wis disajekake kanggo cemilan utawa kanggo tambahan panganan liya.

Editor: Johnny Johan Sompotan

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut