Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : Contoh Kalimat Pembuka Pidato, Bisa Jadi Referensi!
Advertisement . Scroll to see content

5 Contoh Kalimat Pembukaan Pidato Bahasa Jawa dalam Berbagai Tema, Simak di Sini!

Senin, 18 September 2023 - 16:53:00 WIB
5 Contoh Kalimat Pembukaan Pidato Bahasa Jawa dalam Berbagai Tema, Simak di Sini!
Contoh kalimat pembukaan pidato bahasa Jawa (Foto:Freepik)
Advertisement . Scroll to see content

JAKARTA, iNews.id - Deretan contoh kalimat pembukaan pidato bahasa Jawa berikut patut untuk disimak. Selanjutnya, sejumlah teks ini dapat dikembangkan menjadi sebuah pidato utuh yang bisa disampaikan kepada audiens di berbagai tema.

Namun sebelum menuju ke isi, pembukaan pidato akan lebih untuk dicanangkan terlebih dahulu. Pasalnya, pembukaan merupakan bagian penting, yang mampu menarik perhatian pendengar sekaligus memberikan gambaran tentang isi yang akan disampaikan. 

Sementara itu, digunakannya bahasa Jawa dalam teks pidato ini memiliki berbagai tujuan, mulai dari melestarikan tradisi, bentuk penghormatan pada audiens dan tamu undangan, hingga menyesuaikan dengan tema acara. 

Contoh Kalimat Pembukaan Pidato Bahasa Jawa

Adapun contoh kalimat pembukaan pidato bahasa Jawa adalah sebagai berikut.

1. Di acara halal bihalal

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Allah SWT mugi tansah tumendhak lan kasarira kita sedaya. “Minal ‘aaidiin wal faaidziin”, sugeng riyadi, sugeng lebaran nyuwun pangapunten sedaya kalepatan.

Ingkang kula khurmati

Bapak Mubaligh, Al Ustad K.H. Mudhoffar ingkang bekteni, Bapak Lurah dalah sedaya pamongipun ingkang tansah dados tetuladhanipun bebrayan, pangarsa RW 3 saha RT 13 ingkang sami luhur ing budi.

Para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri utameng budi lan ingkang tansah kula bekteni, sedaya warga RW/RT ingkang bagya mulya, sarta adhik-adhik ingkang kula tresnani.

Minangka pambukaning pepanggihan halal bi halal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah memuji wonten ngarsanipun Allah SWT,

Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing dalu menika kita sedaya sami saged rawuh wonten ing bale kalurahan utawi dalemipun Bapak/Ibu ingkang saperlu sami silaturahmi, halal bi halal, apura ingapura antawisipun para warga RT13/RW3.

Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW, minangka rohmatan lil alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih prekawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadis.

Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan Amiin.

2. Di acara sekolah

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati.

Bapak utawi ibu guru saha karyawan sedaya ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Mangga kito panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit ing wekdal menika kito tasih diparingi pinaringan sehat, sehinggo ing dalem punika saged makempal kanthi pinaringan sehat walafiat.

Lajeng, sholawat serta salam Allahumma sholli ala muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

3. Di acara kajian Islami

Dhumateng para alim ulama’, para kiyai, lan para sesepuh ingkang tansah kebak klawan kawruh.

Para bapak-bapak, hadirin sedaya tamu undangan ingkan tansah kawula khurmati.

Sepindah, sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha WIkan ghoniyyun syakur, deneng punapa kawula panjenengan tasek pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, saha inayah saengga kita sedaya saged rawuh wonten meriki panggenan kanti bagas waras tanpa kirang setunggal punapa.

Kaping kaleh, sholawat salam Allahumma sholli ala muhammad mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugia kita angsal sapangatipun benjing wonten ing yaumil qiyamah.

4. Di acara perkumpulan RT/RW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Sugeng dalu, mugi karaharjan, rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT. mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.

Pangarsa inggih ketua RW/ RT ingkang kula bekteni, para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, saha sedaya warga RW/RT 13/5 ingkang bagya mulya.

Minangka pambukaning lampah, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, Pangeran Ingkang Mahakuwaos.

Dene ing injing menika kita sedaya sami saged rawuh makempal wonten dalemipun Bapak Sutrisno kanthi gentosan, kanthi tansah amanggih kesarasan lan kawilujengan ingkang saperlu silaturahmi, arisan warga, saha sami angraketaken kekadangan antawisipun warga RW/ RT 13/5.

Ibu-Ibu, Bapak-Bapak dalah sedaya warga RW/RT ingkang tansah guyub rukun saha daya dinayan, bilih saben sewulan sepisan utawi selapan sepisan, saben dinten malem Jum’at Kliwon / Selasa Kliwon, kita sami ngawontenaken pepanggihan saha arisan warga RW/RT.

Di acara pernikahan

Dumateng poro ulama’ lan poro kiyai.

Poro bapak lan poro bu nyai.

Poro undangan walimatul ursy ingkang kawulo tresnani.

Sederek sedoyo mas-mas, lan mbak-mbak pengantar kemanten ingkang nembe dugi.

Sedoyo wau ingkan tansah kuawulo hormati.

Sakderenge kawulo matur punopo ingkang bade kawulo aturaken, monggo sami muji syukur dumateng Gusti Pangeran kang Moho Mulyo. 

Ingkang kanti rohmatipun meniko kito saget karoyo-royo nyempataken wekdal ninggal griyo, kanti niat giring prawan lan joko, ingkang sampun sah nembe kemawon dipun dikahno. 

Sah menggahe hukum agomo lan tatanan negoro. Mugio kemanten kekaleh puniko, dipun paringi ridlo, dipun bundeli kanti ikatan tresno, mulai dadi garwo ngantos yuswo sami tuwo, ngantos gadah putro gadah putu tigang ndoso.

Kaping kaleh, mugio sholawat soho salam ugio tetep kaunjuk lan kaaturaken dateng Nabi akhiruzzaman, ingkang dados panutan medalaken saking kesesatan nuju jalan kebeneran lan keselametan, inggih puniko Nabi Muhammad SAW. Khoirul insan.

Demikian lima contoh kalimat pembukaan pidato bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

Editor: Komaruddin Bagja

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut