9 Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Berbagai Acara
JAKARTA, iNews.id – Contoh-contoh teks pranatacara bahasa Jawa menarik untuk diulas. Pranatacara adalah sebutan untuk pembawa acara dalam bahasa Jawa. Pranatacara ini biasanya diperlukan untuk memandu suatu acara dari pembukaan hingga penutupan.
Tugas pranatacara adalah mengatur alur acara dan memastikan acara berjalan lancar dari awal hingga penutupan. Adapun acaranya yakni penyambutan siswa, acara lamaran, pernikahan, khitanan, acara di lingkungan, perpisahan sekolah, dan acara-acara lainnya.
Untuk memahami lebih jelasnya, berikut adalah contoh-contoh teks pranatacara bahasa Jawa berbagai acara, yang dikutip Rabu (25/10/2023).
1.Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa – Acara Pernikahan
Assalamuallaikum. Wr. Wb.
Lumintuning Puja Astawa saking Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro.
Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.
Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang winantu ing kabagyan.
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa…(nama yang punya hajat)…..piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu…(Nama pengantin putri)…ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus …..(nama pengantin putra) atmaja putranipun Bapa…(nama besan) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan).
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan
hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
Pambuka
Mijilipun temanten putri
Praptaning temanten kakung
Pasrah-tampi
Panggih
Krobongan
Mapak besan
Sungkeman
Photo temanten
Pambagya harja
Panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke. Nuwun.
Assalamualaikum. Wr. Wb.
Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to’ati. Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT.
Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara syukuran kanti keadaan sehat wal afiyat. Kaping kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.
Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko. Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kito sedoyo pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya robbal alamin.
Ingkang kaping tigo, kulo minongko pranotocoro ing acara syukuran bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.
Pembukaan
Sambutan tuan rumah
Doa syukuran
Penutup
Wangsul dumateng acoro engkang nomer sepindah inggih puniko pembukaan.
Monggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti waosan Ummul kitab. Al Fatihah.
Matursuwon. Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh inggeh puniko sambutan saking tuan rumah, dumateng panjenenganipun bapak (yang punya hajat) Wekdal kulo sumanggaakan.
Meniko kolo wau sambutan saking tuan rumah. Amin
Acoro ingkang doa syukuran. Teng mriki bade dipimpin kaleh panjenenganipun bapak (nama ustadz), wekdal kula aturi sumonggo. Mekaten kolo wau tahlil lan doa syukuran.
Acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acara syukuran wonten dalu puniko kito tutup kanti waosan hamdalah ugi Alfatihah.
Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Bapak Kepala Sekolah SMP (nama sekolah) ingkang kula bekteni. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula mulyakaken. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang kapisan sumangga kita awiti adicara dinten punika kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos.
Amargi namung saking berkah sarta kanugrahanipun kita saged rawuh dhateng adicara pepisahan dinten niki kanthi tanpa wonten alangan setunggal punapa.
Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang dinten lan wekdal punika kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan SMP (nama skeolah) ingkang badhe kita lampahi sesarengan.
Ngenani reroncene adicara ingkang badhe katindakaken inggih punika
Pambuka
Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
Pentas Seni saking Kelas VII lan kelas VIII
Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IX
Paring hadiah kagem siswa kelas IX ingkang prestasnipun inggil
Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP (nama sekolah)
Donga Panutup
Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sesarengan maos basmallah kagem mbikak adicara pepisahan ingkang kaleksanan ing dinten punika. Matur nuwun.
Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan ingkang badhe dipunandharaken dening ketua panitia. Dhumateng kagem panjenengane bapa (sebutkan nama dan gelar) ingkang kajibah dados ketua panitia kula suwun jumeneng. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajenge inggih menika pentas seni musik tradisional, musikalisasi puisi, sarta pentas drama tradisional ingkang badhe dipuntindakaken dening wakil saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun ayahi dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajenge inggih menika paring hadiah kagem para siswa ingkang pikantuk biji paling inggil ing ujian pamungkas kala wingi.
Senajan namung tandha mata, nanging mugya hadiah ingkang badhe diparingaken saged dados pamecut tumrap adhi-adhi kelas supados saged sinau langkung sregep.
Saengga ing tembe bakalan saged ngungkuli prestasi ingakng sampun nate kagegem dening para siswa kelas 9 ingkang dinten punika nindakaken pepisahan.
Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP (nama sekolah). Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara ingkang pamungkas ing dinten punika inggih menika donga sarta panutup ingkang badhe dipuntindakaken dening bapa (sebutkan nama dan gelarnya).
Alhamdulillah sedaya adicara sampun kalampahan kanthi lancar. Sumangga kita pungkasi adicara perpisahan dinten punika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur nuwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.
Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.
Assalamualaikum. Wr. Wb.
Pak Kades, Pak Kadus, Pak RT RW, warga Desa Karangmojo ingkang kulo hormati.
Alhamdulillah ing wekdal iki, ingkang nomer setunggal monggo sareng-sareng kita sedaya sami-sami ngucap syukur kangge rahmat kesehatan lan rahmat iman saking Gusti Allah, dados kita sedaya saged sami kempal ing balai desa, mboten kurang setunggalipun kangge bersih-bersih desa.
Adicara dinten niki mangke kita sedaya sami-sami mbersihi desa kangge persiapan sasi Ramadan 2023. Nek desa kita bersih, mangke ngibadah puasa kita sedaya sami nyaman lan tambah khusyuk. Bersih-bersih desa mangke dipimpin dening Bapak Kades lan mangke dibagi per wilayah ingkang dipimpin dening Pak RT, dados acara bersih-bersih saged rampung sedereng Dhuhur.
Cekap semanten atur kula, bilih menika wonten salah kata lan salah perbuatan, kulo pribadi nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala Sekolah SMA (nama sekolah) ingkang kinurmatan. Bapak atau Ibu Guru saha Karyawan atau Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika.
Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika:
Atur pambuka.
Atur pangandikan saking ketua panita.
Pentas Seni Kelas X lan kelas XI.
Atur perpisahan saking wakil kelas XII.
Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA (nama sekolah)
Panutup.
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah (nama sekolah). Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur
Wasssalamualaikum. Wr. Wb.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, inkang dahat sakalangkung pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten, sinartan pindundhi ing akrami.
Datan katalumpen kunjuk ing Paduka, sagung para pengemban pengembating projo, ingkang satuhu minongko dadyo pangayomaning para kawula dasih kaswasih, ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng Bapak/Ibu tamu sinedhahan kakung sumawono putri ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman, ingkang satuhu sinugoto satataning pakurmatan.
Linangkung dumateng para darahing budoyo ingkang satuhu kuntap kautamanipun, kinaryo memardi mardawaning kang budyo luhur.
Assalamualaikum. Wr.Wb.
Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.
Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu (nama pengantin wanita) dalasan Dhimas Bagus (nama pengantin pria) pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.
Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.
Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.
Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.
Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.
Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.
Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.
Mininongko purwaning pahargyan, pasrahing ponang sarono upokarti salaki rabi. dalasan pasrahing sekar tunjung seto dening baroyo agung kadang besan kinasih Bapak (nama besan) sekalian garwo.
Rantaman ingkang kaping kalih (kadwi), atur panampi.
Titilaksono ingkang ongko tiga, dupi roro ayu (nama pengantin wanita) wus mangagem busono edi lir putraning narpati, doyo-doyo kalenggahaken ing sasono pinajang.
Rantaman ingkang ongko sekawan, upocoro panggih temanten.
Titilaksono ingkang ongko gangsal, atur sinambromo astuti, yo pambagyo harjo yuwono basuki rahayu.
Kashdo, sabdo tomo (ular-ular).
Dene kang kaping pitu, bodoling pahemanan.
Panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke. Matur nuwun.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Assalamualaikum. Wr. Wb
Ingkang dahat kinurmatan panjenenganipun Bapak Lurah miwah ibu ingkang kawula urmati, sedaya perangkat desa ingkang mboten saged kawula wiji wiji setunggal lan setunggalipun. Saha para rawuh ingkang satuhu dahat sinudarsana.
Mangga kita sesarenggan puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampu paring kanugrahan satemah kita saged makempal manunggal ing Balai Desa. Wonten ing titi acara pengetan dinten batik nasional.
Saderengipun acara kawiwitan. Kula minangka pranatacara ing pranatacara ig dinten batik nasional. Keparengga ngaturaken urut urutaning adicara ing titi laksana ing pahargyan menika.
Pambuka
Atur Pangandika Saking Bapak Lurah
Atur Pangandika Saking Ketua Panitia
Inti Acara “Pengetan Dinten Batik Nasional”
Slundingan
Penutup
Bapak ibu saha para rawuh sumangga adicara ingkang satunggal kita lampahi. Bapak saha ibu ingkang kinurmatan, sumangga acara menika dipunperwakani ndedongga. Ndedonggo kula dherekaken sumangga.
Salajengepunadicara ingkang kalih, inggih menika pangandikan saking bapak lurah. Dhateng bapak lirah suasana saha sasana kula sumanggakaken.
Matur nuwun kita aturaken dhumateng bapak lurah ingkang sampun maringi pangandikan ing adicara menika. Salajengipun pengandikan saking ketua panitia ingkang sampun nindhakake adicara ing dinten menika. Dhateng ketua panitia kula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng ketua panitia ingkang sampun saged ngadaaken acara kanggeh pengeti dinten batik nasional. Acara salajengipun inggih menika acara inti yaiku fashion show kaliyan seminar batik ingkang badhe diwiwiti saking bapak lurah. Kanggeh wiwiti acara menika, Bapak lurah ingkang dahat kinurmatan kula sumanggakaken dene ngawiwiti adicara ing pengeten dinten menika. Mangga dhateng bapak lurah sampun saged penjenegan wiwiti kanthi nuthuk gamelan.
Mekaten kawula menggah acara ingkang pengeti dinten batik nasional sampun kalampahan kanthi sae. Mugi mugi acara ingkang sampun kita lampahi sesarengan menika saded migunani para rawuh sedaya. Acara salajengipun menika yaiku hiburan ingkang sampun cemawis saking panitia. Acara menika yaiku mirsani campursari kaliyan gamelan saking ibu ibu pkk.
Para rawuh ingkang minulya kula minangka pranatacara bok bilih wonten kelepatan anggenipun kula nagturaken kula nyuwun panggapuran dhumateng panjenengan sedaya.
Saderenge dipungkasi adicara dinten menika, sumangga kita sesarangan ndedongga kanthi maos hamdallah. Cekap semanten anggenipun kula ngaturaken, kula ngaturaken matur nuwun.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Assalamuialaikum. Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah SD (nama sekolah) Sumbergempol ingkang kinurmatan. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula khurmati. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang kapisan sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kersa paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula dalah panjenengan sedaya saged nyawiji raos ing wanci papan punika kanthi boten kekirangan satunggal punapa.
Sholawat ugi salam mugya tansah konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten pungkasan mangke.
Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang titiwanci kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan ing dinten punika.
Ngenani rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan inggih punika
Atur pambuka
Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
Pentas Seni saking Kelas V lan kelas IV
Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IV
Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SD (nama sekolah)
Donga Panutup
Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sedaya kita buka adicara dinten punika kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur nuwun.
Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia wekdal saha papan kula kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan lan pentas drama tradisional saking kelas V lan kelas IV. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun andharaken dening sesulihipun kelas IV. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SD (nama sekolah). Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika donga sarta panutup. Sumangga kita pungkasi adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur nuwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.
Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Assalamualaikum. Wr. Wb.
Dumateng Bapak Kepala Desa Soko Guru, Bapak Atmo Pawiro ingkang kawula hormati, Bapak, ibu lan sederek ingkag kula hormati, saha para tamu ingkang tansah kinurmatan…
Sepindah, sumangga kita sedaya ngaturaken puji lan syukur dumateng Allah SWT. Ingkang paring rahmat kawilujengan jasmani lan rohani saengga kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing ndalem acara Halal bi Halal ing wulan syawal.Kanthi tasih suwasana riyaya menika.
Sholawat ugi salam tansah atur katunjuk dumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang mugia kita dipun paring syafaat wonten ing Yaumul Kiyamah mangkeh, amin allahumma.. amiin.
Salajengipun,anggenipun kula ngadek wonten mriki kawula katitah dados pranatacara wonten ing acara halal bihalaI menika..Pramila kawula nyuwun wekdal badhe ngaturaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal menika.
-Acara ingkang sepindah, inggih punika waosan surat al-fatihah sesarengan.
-Acara ingkang kaping kalih,inggih punika sambutan saking Bapak Kepala Desa.
-Acara kaping tiga inggih puniko waosan dedunga.
-Acara ingkang pungkasan inggih punika salim salaman,
Menika sampun kawula sampeaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal punika, ingkang mboten perlu anggenipun kula matur katah wicantenan. Pramila monggo kita wiwiti acara ing ndalem (enjing/siyang/sonten) menika kanti waosan surat Al-Fatihah, mugi-mugi acara mulai awal ngantos akhir saget lumampah kanti lancar gancar mboten wonten aral punopo.
Al-Fatihah……
Acara salajengipun inggih menika sambutan saking bapak kepala desa, Bapak Kuzaeni..Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken…
Mekaten kala wau, sambutan saking bapak kepala desa. Mugi saget kita resep lan kadados kawigaten dumateng kita sedaya.
Acara salajengipun inggih punika dedonga sareng-sareng tumuju marang gusti, ingkang mugi-mugi saget ndadosaken amal ibadah ingkang sae kangge kita sedaya. Dedunga ingkang badhe dipun pimpin kaliyan tokoh agama lan sesepuh wonten ing Desa Ngasinan yaiku bapak kiai haji (nama kiai),
Dumateng panjenenganipun wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.
……..
Mekaten kala wau,waosan dedunga ingkang sampun dipun pimpin bapak Kiai (nama kiai). Mugi saget mbeta barokah dumateng kita sedaya. Amiin…allahumma… amiin.
Hadirin ingkang kula hurmati.
Acara ingkang pungkasan inggih punika penutup kanti cara salim salaman,
Ananging, sak derengipun acara pungkasan menika dipun kalajengaken. Kula wonten mriki katitah dados pranatacara, mbok menawi wiwit awal ngantos akhir, wonten tata basa ugi tata trapsila ingkang kirang sekeco ing penggalih panjenengan sedaya, pramila kula nyuwun agungipun pangapunten. Mugi ngaturaken sugeng riyadin,nyuwun pangapunten sedaaya kelepatan lahir bathin. Mangga acara ingkang pungkasan saget dipun wiwiti. Maturnuwun..
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Demikianlah informasi dan penjabaran mengenai contoh-contoh teks pranatacara bahasa Jawa berbagai tema. Semoga artikel ini dapat bermanfaat dan menjadi acuan dalam membuat teks pranatacara bahasa Jawa.
Editor: Komaruddin Bagja