Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : 25 Contoh Naskah Drama Singkat, Bisa Jadi Referensi Menulis
Advertisement . Scroll to see content

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Singkat, Bisa Ditampilkan di Acara Perpisahan

Sabtu, 06 Januari 2024 - 15:50:00 WIB
Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Singkat, Bisa Ditampilkan di Acara Perpisahan
Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Singkat (Foto: Odua Images)
Advertisement . Scroll to see content

JAKARTA, iNews.id - Contoh naskah drama Bahasa Jawa singkat berikut ini dapat dijadikan sebagai ide. Khususnya, bagi para siswa yang ingin menampilkan seni drama di acara perpisahan maupun tugas sekolah. 

Suku Jawa merupakan salah satu suku dengan jumlah terbanyak di Indonesia.

Tak heran, jika hingga kini masih banyak sekolah-sekolah di Pulau Jawa yang mengajarkan pelajaran Bahasa Jawa, salah satunya tentang drama. 

Adapun, drama adalah salah satu karya sastra yang isinya terdapat dialog-dialog antar tokoh.

Biasanya, dalam sebuah drama terdapat naskah yang harus dipahami oleh setiap tokoh agar drama dapat berjalan sesuai dengan alur. 

Nah, bagi kamu yang masih penasaran dengan drama, berikut ini contoh naskah drama Bahasa Jawa singkat yang berhasil iNews.id kutip dari berbagai sumber, Jumat (5/1/2024). 

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Singkat

1. Judul: Sinau Bareng Kanca

Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis podo dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Toni lan Habib. Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas mewakili sekolah lomba ing nyandi-nyandi. 

Untunge pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi karo kanca sekolahe. Akeh kancane sing jaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben ora melu remedi kabeh.

Dina: “Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matematika sing himpunan iki. Kowe paham materine, Din?”

Dini: “Podo e aku yo ra paham.”

Joni: “Lha awakdewe tibake podo wae. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi isih bingung karo konsep sing dimaksud.” (tutur Joni sik melu nimbrung).

Dina: “Terus penake piye ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?”

Joni: “Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel.”

Habib: “Ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?”

Dini: “Iki lho, Bib. Pada bingung matematika. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki.”

Toni: “Terus hubungane karo bimbel mau apa? Do arep melu bimbel?”

Joni: “Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki.”

Toni: “Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben Senin. Lek do arep melu, ayo.”

Habib: “Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh.”

Dina: “Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?”

Toni: “Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki mlebu kelas dhisik!”

2. Judul: Acara Kamardikan

Ing tanggal 12 Agustus 2022, bocah osis ngeneake rapat kanggo peringatan dina Kamardikan ing tanggal 17 Agustus 2022. Rapat dilaksanakake ing ruang osis, anggota osis sing melu rapat, yaiku Andi (ketua osis), Alto (wakil ketua osis), Susi (Sekretaris), Rina lan Aldo (Bendahara 1 lan 2). Ketua osis sing jenenge Andi teko banjur lungguh ing kursi ne.

Andi : “Ayo kanca-kanca dimulai diskusine!”

Susi : “Kosik kosik, Alto durung teko.”

Rina : “Oh iya Alto nyandi ya ?”

Aldo : “Paling isih nek toilet bocahe, mergane aku meng weruh de’e mlaku tumuju toilet.”( kandane Aldo sinambi kipas kipas amarga sumuk)

Andi : “Ya wis, dienteni disik.”

Ora suwe Alto teko banjur lungguh sandinge Andi.

Andi : “Awakmu bar kongendi lho, To?” (Andi takon marang Alto)

Alto : “Toilet, he..he” (kandane Alto karo cengengesan)

Andi : “ Yo wis di mulai diskusine! Cah, dilut engkas kan tanggal 17 Agustus 2022 sing artine Indonesia bakal ulang tahun kamardikan, lha awake dewe oleh tugas saka pak kepala sekolah supaya ngrancang acara opo wae kanggo meriahne dina Kamardikan, menawa ana sing duwe ide ayo dirembugne ing kene.”

Aldo : “Aku duwe usul, ndi, awake dewe ngeneake acara fashion show sing temane klambi batik, piye menurut mu, ndi?” ( Usul e Aldo kanthi nyawang Andi )

Andi : “Hmm...apa alasan mu usul ngono kui, do?” ( Pitakone Andi marang Aldo )

Aldo : “Amarga batik iku wis dadi ciri khas e bangsa Indonesia lan dadi budaya bangsa sing wis terkenal teko luar negeri, dadi cocok kanggo tema dina kamardikan lan bisa kanggo ngenalake batik marang generasi muda.”

Rina : “Pinter tenan bocah siji iki, cocok do usulmu, setuju aku, piye pendapat kanca liyane ?” (kandane Rina karo ngacungi jempol marang Aldo).

Andi : “Ok aku yo setuju, wis ditentoke salah sijine acara, yaiku fashion show tema batik.”

Susi : "Terus liyane fashion show acara liyane opo wae iki?"

Rina : "Drama tema pahlawan piye?"

Andi : "Iku yo kenek, mengko karek dikoordinasi karo perwakilan kelas, supaya iso melu partisipasi kabeh, terus acarane ditambahi karo lomba sing edukatif supaya meriah."

Kanca kancane kabeh pada setuju lan wis ditentokake acara apa wae sing cocok kanggo meringati dina Kamardikan antarane, yaiku fashion show tema batik, drama tentang tema pahlawan, lomba lomba edukasi lan liya liyane.

Itulah ulasan mengenai contoh naskah drama Bahasa Jawa singkat. Semoga menginspirasi!

Editor: Komaruddin Bagja

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut