6 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa, Lengkap dengan Berbagai Tema

Wikku D Nugroho
Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa (freepik)

JAKARTA, iNews.id - Contoh teks deskripsi Bahasa Jawa berikut ini bisa jadi referensi belajar peserta didik. Terlebih lagi bagi kamu yang sedang mendalami mata pelajaran bahasa daerah. 

Mengutip Astuti (2019) pada bukunya yang berjudul Yuk, Ungkap Idemu Melalui Teks Persuasi hingga Teks Tanggapan, teks deskripsi adalah sebuah teks yang memberikan gambaran detail mengenai suatu objek. 

Adapun, tujuan dari dibuatnya teks deskripsi adalah merincikan atau menggambarkan objek dari sudut pandang penulis. Isi dari teks itu pun membuat seolah-olah pembaca dapat merasakan ataupun melihat objek yang dijelaskan pada teks tersebut. 

Sama seperti teks berbahasa Indonesia, penulisan teks deskripsi Bahasa Jawa juga harus dimulai dengan pengamatan dan identifikasi terhadap objek yang hendak ditulis. 

Lantas, seperti apa bentuk tersebut? Berikut iNews.id berikan contoh teks deskripsi Bahasa Jawa yang dilansir dari berbagai sumber, Senin (6/10/2024). 

Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa

1. Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Tumbuhan

Salak kuwi uwit lan woh saka tanduran sing klebu golongan palma kanthi woh sing bisa dipangan. Uwit lan woh iki uga dikenal minangka sala dan. Jroning diarani salakutawa snake fruit, sauntara jeneng ilmiahe, yaiku Salacca zalacca.

Wohe kang bunder padha karo endhog nangin rada lancip ing sisih dhuwur,kulit coklat tuwa. Woh iki uga disebut snake fruit amarga kulite mempersisik ula. Rasane sepet nanging saiki wis dibudidayakake jenis unggulan.

Saiki nandur salak wis tansaya maju. Olehe nandur ora ndadak ndhedher kenthos. Carane luwih gampang lan cepet yaiku kanthi nyangkok nganggo pring utawa botol plastik lan saben dina kudu sregep nyirami. Menawa wis metu oyode dikethok banjur ditandur. Sadurunge ditandur lemahe didhudhuk dhisik banjur diwenehi rabuk. Dienteni nganti sawetara wektu lagi cangkokan salak mau ditandur. Yen wis metu ketheker digolekake kembang salak lanang sing banjur digepyokake ing ketheker lan iki sing diarani kawin silang tumrap salak. Wiwit kembang, geyol nganti dadi salak mateng umure sesasi.

2. Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Budaya

Warga ing Kaliwungu, Kendal isih ngakoni tradisi Islam Jawa kang diarani Syawalan. Tradisi syawalan yaiku mengeti sedane (haul) para ulama Islam kang wis seda nalika zaman semana. Tradisi iku dianakne saben bubar tanggal 8 Syawal utawa seminggu sakwise riyaya Idul Fitri. 

Syawalan uga dianakae kanggo mujudake rasa syukur masyarakat kang wis ngrampungake ibadah pasa Romadhon. Rasa syukur mau diwujudake kanthi kagiyatan kang ana gandheng cenenge karo kagiyatan kaagamaan kanggo mengeti para tokoh agama.

Panggonanan kang kanggo Syawalan jembar banget. Panggonan iku diwiwiti saka wetan ing alun-alun Masjid Agung Kaliwungu nganthi kulon ing lapangan Brimob. Saka lor dalan gedhe nganti tekan papan panggonan makam Sunan Katong lan Kyai Guru. 

Ing kabeh panggonana mau, ana maneka warna hiburan lan wong-wong kang padha dodolan kaya pasar malem. Mula kuwi, wong-wong ora amung ziarah, nanging uga bisa mlaku- mlaku ing sakiwa tengene papan panggoanan Syawalan.

3. Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Pakaian Adat

Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunarani blangkon (menawi sampun dados kantun ngagem) dene basa kramanipun dhestar. Udheng asalipun saking tembung mudheng ingkang suraosipun "tiyang badhe nggadhahi penggalih ingkang kukuh menawi sampun mudheng kaliyan tujuwan gesangipun." 

Udheng punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi mustaka. Udheng limrahipun kadamel saking kain batik awujud pesagi ingkang lajeng.

Kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengensami, lajeng dipunjait miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. 

Ngangge udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun menawi sowan dhateng kraton mboten kenging sasekecanipun piyambak, ananging wonten sajawinipun kraton panganggenipunudheng mardhika(bebas) padhatan ingkang dipunagem udheng jebehan, inggih wonten pahargyan menapa kemawon kalebet wonten ing kasripahan.

4. Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Makanan Tradisional

Getuk (gethuk) yaiku tedhan arupa jajanan peken ingkang kedamel saking tela engkang dipun dang lajeng ditumbuk sareng gendhis abrit utawi gendhis krambil lajeng diiris-iris uga biyasanipun dihidangke kaliyan parutan krambil.

Getuk niki benten kaliyan getuk lindri, getuk pisang kersa getuk goreng ingkang ngrupikaken inovasi saking getuk. Biyasanipun getuk ingkang dipun sade ing peken-peken tradisional Jawi dibungkus kaliyan godhong pisang. Getuk niki nggadhahi werni kecoklatan ingkang asalipun saking gendhis abrit. Getuk biyasa niki langkung mirah saking jenis getuk sanese kados getuk lindri uga getuk pisang kersa getuk goreng.

Editor : Komaruddin Bagja
Artikel Terkait
Nasional
2 bulan lalu

6 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus untuk Acara Resmi Nan Meriah

Nasional
3 bulan lalu

Contoh Teks Deskripsi Spasial: Pengertian, Ciri, Struktur dan Penjelasannya 

Nasional
7 bulan lalu

20 Contoh Teks Resensi, Lengkap dengan Strukturnya

Nasional
8 bulan lalu

25 Contoh Teks Inspiratif Beserta Strukturnya Berbagai Tema, Penuh Makna dan Motivasi!

Berita Terkini
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
Network Updates
News updates from 99+ regions
Personalize Your News
Get your customized local news
Login to enjoy more features and let the fun begin.
Kanal