Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah Swt. amargi sampun maringi berkah lan karunia.Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani. Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa.
Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan.
Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.