Ing kalodhangan punika kula ugi nyuwun agunging pangapunten menawi salamine kula sakanca sekolah ing ngriki kathah tumindak utawi pitutur ingkang kirang mranani tumrap penggalihing para guru.
Pramila kula nyuwun agunging pangapunten ing dinten menika. Kawula ugi nyuwun tulung supados adhik-adhik kelas sedaya tansah sregep anggene ngupadi ilmu.
Ingkang pungkasan kula dalah kanca-kanca kelas 9 badhe nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu dhumateng para guru, supados saged nglajengaken dhateng SMA ingkang sampun kapilih.
Kula sakanca janji menawi ing SMA mangke kita bakal sregep sinau kanggo njagi aruming nami sekolah kita.
Cekap semanten saking kula. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Ingkang kinurmatan Kepala SMP Negeri 2 Sumbergempol.