Pranyata akehe bandha, ora ora bias njamin lestari uripe. Nalika Allah nimbali dheweke ora ana sing bisa nyegah dheweke. Dados griya ingkang kito mbangun, kados pundi kawontenan, sae utawi awon, kedah dipungsinakaken kangge ngibadah dumateng Allah, ugi dados papan panggenan kluarga, insya Allah mugi-mugi manfaat dateng alam kubur mengko.
Kita uga ora bisa nolak tresna marang arta-bandha, agama kita ora nglarang, anggere kita ora nglirwakake tuntunan agama. Kalih ing babagan cara ngasilaken, kanthi makarya miturut aturan mu’amalah, lan kanthi cara ingkang sah, ugi ing pundi panggenan bandha. Kasugihan ingkang kita pikantuk saking usaha kita nyambut damel mboten sakmesthinipun kagungan kita sedaya, ananging wonten hak kangge tiyang sanes ingkang kedah kita aturaken. Pangandikane Gusti Allah:
وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ * لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ *
“Lan wong-wong kang ing bandhane ana bagean tartamtu, kanggo wong-wong (miskin) sing njaluk lan wong-wong sing ora duwe apa-apa (sing ora gelem njaluk). (Al-Ma’arij: 24-25).
Bahkan Nabi Muhammad SAW ugi paring peringatan dateng tiyang-tiyang ingkang sugih:
ويـل لـلأغـنـيـاء مـن الـفـقـراء يـوم الـقـيـامـة يـقـولـون ربـنـا ظلـمـونـا حـقـوقـنـا التى فـرضـت عـلـيـهـم