8. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Assalamu’alaikum wr.wb
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah.
Dhumateng Bapak lan Ibu guru.
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat.
Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad SAW. Kanti arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang pendidikan.
Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane. Wonten ing sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu agama. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.
Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun. Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama luwih-luwih krama inggil.
Hadirin ingkang kulo hormati.
Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.
Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.
Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum wr.wb
9. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya
Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani
Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng kita sedoyo.
Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.
Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi masyarakat Indonesia umumipun.
Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten saged tata.
Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan kagem rakyat Indonesia.
Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.
Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan sareng ibu bapak.
Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting kagem urip ing jaman samenika.
Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken.
Mugi-mugi wonten manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging samudro pangeksami.
Wassalamualaikum wr. wb.
10. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Assalamualaikum wr. wb.
Dumateng bapak/ibu kepala sekolah, kaliyan bapak/ibu guru ingkang kula hormati. Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo kito ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. ingkang sampun paring rahmat dhumateng kito sedaya.
Saengga kito saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat. Bapak ibu serta rencang-rencang ingkang kinurmatan.
Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba kaliyan obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos tivi sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kito sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.
Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan nggunakake narkoba kaliyan obat-obatan terlarang meniko. Monggo kito sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.
Bapak, ibu guru kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos ngginakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Demikian ulasan mengenai contoh teks pidato Bahasa Jawa tentang pendidikan. Semoga bermanfaat!
Editor: Johnny Johan Sompotan
- Sumatra
- Jawa
- Kalimantan
- Sulawesi
- Papua
- Kepulauan Nusa Tenggara
- Kepulauan Maluku