4 Contoh Cerita Pengalaman Bahasa Jawa Berbagai Tema, Dijamin Menarik!
Rabu, 20 September 2023 - 18:58:00 WIB
Kedadeyan iki dakalami udakara 3 taun kepungkur. Wektu kuwi aku wiwit coba-coba ngingu pitik bangkok.
Kawitane pitikku lemu-lemu lan sehat-sehat. Ning dumadakan ana aratan ing desaku. Akeh pitik sing mati sacara dadakan.
Senajan wis diobati nanging akeh sing ora ketulungan. Ing wektu kuwi, pitikku sing mati ana welasan. Rata-rata pitik sing mati kuwi umure 3-4 sasinan. Mesthi wae aku getun banget.
Apa maneh salah siji calon jago duwekku ya ketut gering. Kamangka sing gering kuwi rencanane bakal dakgawe pejantan.
Wis maneka cara daktindakake supaya pitik mau pulih. Saliyane tak tukokne obat kimia. Pitik mau uga dakjamoni. Nanging tetep wae durung waras.