7 Contoh Sesorah Bahasa Jawa Beserta Strukturnya
Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinormatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika
Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
5. Peringatan Hari Kartini
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Budi Luhur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Budi Luhur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Budi Luhur
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kartini, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah Swt., awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun 1879. Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating priya.