Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : 5 Contoh Teks Lomba Dai Cilik Singkat dan Lucu Beragam Tema, Lengkap dengan Hadits
Advertisement . Scroll to see content

7 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan, Mudah Dipraktekkan!

Senin, 27 Mei 2024 - 22:15:00 WIB
7 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan, Mudah Dipraktekkan!
Contoh pidato Bahasa Jawa tentang pendidikan. (Foto: ist)
Advertisement . Scroll to see content

Hadirin ingkang kulo hormati.

Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun. Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.

Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.

Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum wr.wb

7. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Assalamu’alaikum wr.wb 

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng Bapak lan Ibu guru. Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani. Hadirin ingkang kulo hormati. Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur, deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat. 

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut