Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Singkat dari Beragam Tema
3. Teks Sesorah Bahasa Jawa Tentang Peringatan Hari Kartini
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Budi Luhur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Budi Luhur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Budi Luhur
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kartini, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah Swt., awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun 1879. Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating priya.
Para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan ing jaman rumiyin, saengga mboten dipun keparengaken sekolah, mboten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.
Kita saged mirsani samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya, saged makarya lan saged nerusake pendidikan. Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing jabatan penting, contonipun dados pemimpin. Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita kedah dipun parengaken supados mboten naming ing pawon.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyengkuyung pangetan dinten Kartini.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
4. Teks Sesorah Bahasa Jawa Tentang Sumpah Pemuda
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani. Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur gusti allah ingkang maha agung asah pinaringan nikmat sehat santoso selamat kepada kula saha panjenengan status pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau ing pawiyatan kita menika sedoyo.
Kaping kalih anggenipun kula jumeneng ing ngarso panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemuda. Kula lan panjenengan sedaya tamtu sampun merdeka.
Mbok bilih ing tanggal 20 oktober meniko bangsa indonesia mengeti dinten sumpah pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken, dateng kito sedoyo tiyang bilih bangsa indonesia nggadhahi semangat juang tinggi.
Wosipun sumpah saha prasetya menika kito sedoyo kulo lan panjenengan sedoyo saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah lagu mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah aripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera. Kita minangka siswa migunani kawajiban semangat mempeng anggenipun sinau.
Cekap semanten ingkang saget kulo aturaken angganing babagan sumpah pemuda. Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.
5. Teks Sesorah Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Sekolah
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatu,
Dumateng bapak kepala sekolah,
Dumateng bapak kaliyan ibu guru,
Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.
Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati,
Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng Gusti Allah Swt. amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.
Hadirin ingkang kulo hormati,
Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya.
Hadirin ingkang kula hormati,
Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Nah, itulah kumpulan contoh teks sesorah Bahasa Jawa singkat dari beragam tema. Semoga informasi ini dapat menginspirasi kamu ya!
Editor: Johnny Johan Sompotan