Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan.
Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:
يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)
“Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.”
Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:
طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ. (رواه البزار)
“Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul metani celo ne liyan.” (HR. Al-Bazzar)
Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh pangandikanipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:
كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ
“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh pandanganmu, lan dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.
Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados ngajeni tyang sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’:
Istiqomah ningkataken taqwa, amal sholih soho ninggalaken larangan-laranganipun. Hinggo dados manungso paling sae menggahipun Alloh.