Poro rawuh ingkang minulyo,
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.
Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.
Alhamdulillahirobbil Alamin, wabihi nastainu ala umuriddunia wa din.
Wassolatu wassalamu ala Sayyidina Wamaulana Wasyafi'ina Wahabibina Muhammad Rasulillah wala alihi washohbih, waman tabi'a sunnatihi wajama'atah min yaumina hadza ila yaumi nahdhoh.
Kaum muslimin lan muslimat ingkang minulya.
Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi wonten ing wekdal punika kita taksih pinaringan kanugrahan dening Allah SWT, satemah saged makempal lan pepanggihan wonten ing masjid ingkang sampun dipunwiwiti kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.
Mugi-mugi pepanggihan kita ing dalu punika ndadosaken kasaenan ing donya lan ing akherat, amin.