Ingkang kawulo hormati, sesepuh soho pini sepuh, ingkang kito ajeng-ajeng wejanganipun.
Dumateng bapak kepala desa sak perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun.
Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.
Kanthi ngucapaken raos syukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala. Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan Rahmat lan hidayahipun, sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, punika kita sedoyo saget ngrawuhi lan makempal wonten ing masjid At-Taqwa miriki.
Satemah ing ndalu punika kita saget makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Awit labuh labatipun sahengga agami Islam tuwuh angrembaka wonten ing zaman saniki, lan Islam ingkang sampun kita rungkepi punika, mila kita saged ambentenaken perkawis ingkang njlomprongaken lan perkawis ingkang nguntungaken.