Tempe kemul, saa wong Wonosobo kang ora ngerti. Panganan kanthi bahan utama tempe iki dadi salah siji jajan utawa panganan khas kutha Wonosobo. Kejaba iku tepung gandum lan terkadhang dicampuri pathi iki kang ngemuli tempe mau. Tempe lan tepung kang dijer iki digoreng nganti garing utawa setengah mateng (mendho). Kang mbedakna karo gorengan liyane yaiku werna kuning kang asale saka kuni ndadekake tempe kemul iki dadi gorengan khas Wonosobo. Tempe kemul iki sing esih anget cocog kanggo kanca dhahar utawa kanggo kanca lungguh nalika hawa adhem.