JAKARTA, iNews.id - Inilah contoh pidato bahasa Jawa singkat dalam beragam tema. Seluruh pidato tersebut menggunakan bahasa krama inggil yang menjadi bentuk penghormatan atau sopan santun terhadap pendengar dari berbagai kalangan.
Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), krama inggil adalah tingkatan tertinggi dalam bahasa Jawa. Jenis tingkatan ini digunakan saat seseorang berkomunikasi dengan orang yang lebih tua atau yang lebih dihormati.
Adapun deretan contoh pidato bahasa Jawa singkat yang patut disimak adalah sebagai berikut.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rohmat lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina muhammad wa ala ali sayyidina muhammad.
Kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit. Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika.
Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi cara mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb
Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng para bapak/ibu kepala sekolah, saha bapak/ibu guru ingkang kula hormati
Kaliyan rencang-rencang ingkang kula tresnani, monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Maha Agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika. Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking gusti allah ingkang maha kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.
Mboten kasupen kulo kalian rencang-rencang nyuwun pangapunten. Dalam meniko pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya. Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah.
Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak/ibu ingkang kula urmati lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur katur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha agung sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya saha kawilujengan.
Kula badhe ngaturaken sesorah babakan kesehatan tubuh saka narkoba. Kita mangertosi wekdal menika narkoba saben dinten dados berita tumanten internet utawi TV. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan tumraping langkung-langkung agami. Awit sosinteno ingkang ngonsumsi narkoba.
Narkoba saget ngerusak jasmani saka rohani kita saksinteno tiang ingkang ngonsumsi. Mboten pejabat, artis, rakyat lan murid-murid, mboten sugih punapa miskin pramila kanti mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba. Monggo perangi narkoba supaya mboten kecemplung mlebet penjara.
Langkung-langkung generasi muda minangka kusumaning, sumangga kita berjuang kanthi sekuat tenaga memerangi narkoba.
Cekap sementen kula aturaken. Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten klentu. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati.
Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sodoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 77 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
Ingkang kaping kalih, mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetp dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati.
Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun paringaken kito bongso Indonesia, inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh, menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniyaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT lan ugi kanti ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati
Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan lan Ridho Alloh.
Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Wassalamualaikum Wr. Wb