Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Sugeng dalu, mugi karaharjan, rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT. mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.
Pangarsa inggih ketua RW/ RT ingkang kula bekteni, para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, saha sedaya warga RW/RT 13/5 ingkang bagya mulya.
Minangka pambukaning lampah, mangga kita sedaya tansah angonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, Pangeran Ingkang Mahakuwaos.
Dene ing injing menika kita sedaya sami saged rawuh makempal wonten dalemipun Bapak Sutrisno kanthi gentosan, kanthi tansah amanggih kesarasan lan kawilujengan ingkang saperlu silaturahmi, arisan warga, saha sami angraketaken kekadangan antawisipun warga RW/ RT 13/5.
Ibu-Ibu, Bapak-Bapak dalah sedaya warga RW/RT ingkang tansah guyub rukun saha daya dinayan, bilih saben sewulan sepisan utawi selapan sepisan, saben dinten malem Jum’at Kliwon / Selasa Kliwon, kita sami ngawontenaken pepanggihan saha arisan warga RW/RT.