Para sesepuh para pinisepuh kakung miwah putri utameng budi lan ingkang tansah kula bekteni, sedaya warga RW/RT ingkang bagya mulya, sarta adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Minangka pambukaning pepanggihan halal bi halal ing dalu menika mangga kita sedaya tansah memuji wonten ngarsanipun Allah SWT,
Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing dalu menika kita sedaya sami saged rawuh wonten ing bale kalurahan utawi dalemipun Bapak/Ibu ingkang saperlu sami silaturahmi, halal bi halal, apura ingapura antawisipun para warga RT13/RW3.
Shalawat saha salam tansah kita aturaken konjuk Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW, minangka rohmatan lil alamin saha sampun nilaraken utawi marisaken agami Islam dhumateng kita sedaya, kanthi gegebengan kalih prekawis inggih menika Al Qur’an saha Al Hadis.
Menawi kekalih gegebengan menika tansah kita tindakaken kanthi temen, temen-temen lan tumemen, insya Allah gesang kita saged bagya mulya wonten ngalam donya dumuginipun alam delahan Amiin.