Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Jaya,
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Alloh SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.
Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken.
Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Itulah sejumlah contoh pidato bahasa Jawa singkat dalam beragam tema. Semoga bermanfaat.