Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa, Mudah Dihafalkan

Wikku D Nugroho
Contoh Pidato Perpisahan Bahasa Jawa (Foto: Istimewa)

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa. 

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten. 

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur. 

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. 

Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun. Wassalamualaikum wr wb.

Itulah contoh pidato perpisahan kelas 6 Bahasa Jawa. Semoga menginspirasi!

Editor : Komaruddin Bagja
Artikel Terkait
Nasional
9 bulan lalu

Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 yang Mengharukan: Bikin Guru dan Teman Terharu!

Muslim
11 bulan lalu

5 Pidato Bulan Rajab Bahasa Jawa, Bisa Jadi Referensi 

Nasional
1 tahun lalu

7 Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Berbagai Acara 

Nasional
1 tahun lalu

5 Artikel Bahasa Jawa Singkat dengan Berbagai Tema

Berita Terkini
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
Network Updates
News updates from 99+ regions
Personalize Your News
Get your customized local news
Login to enjoy more features and let the fun begin.
Kanal