Judul: Tresnoku Kepalang Pangestu (Azizah Nana)
Marang Gusti Kang Kuoso, Panyuwunku amung siji
Soko mletheke srengenge tekan metune rembulan
Ati iki ora bakal ayem sedurung weruh slirane
Duhh Gusti Kang Moho Agung
Tresnaku tan tekan marang awake
Liwat angin tak titipke roso kangenku
Senajan tan biso tekan nanging aku ora biso lumaku
Pangestune wong tuo ne ora biso tak tuku
Mesem bebarengan awake mung dadi ngimpiku
Tanganku tan biso gandeng tangane
Amung rogo iki kesekso tekane pati
Mergo awake cah ayu sing tak tunggu
Tresnoku kepalang pengestune wong tuo ne
Pati ku mugo dadi dalan biso nyanding slirane
Judul: Carita Wayang (Eko Wahyu Nugroho)
Sapa kandha wayang kuwi kuna?
Yen durung ngerti lakuning crita
Wiwit jejer tekaning paripurna