Dudu amung rikala gara-gara
Rentep-rentep piwulang kagambarna
Tindak-tanduk uga tata krama
Kang bisa tansah ngrembaka
Saka isining carita kang kababar
Kababar pitutur suci tumrap dhiri
Dhiri kang tansah nguri-uri
Nguri-uri kabudayan Jawa suci
Miguna mring nagari
Judul: Ibuku (Alfia Nisa Arahma)
Ibu...
Sapa kang bisa ngerti aku
Kajaba ibuku
Saben dina saben wektu
Ibu tansah ndidik awakku
Saben ibu duka marang aku
Lara tenan rasane atiku
Ibu...
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku
Ibu...
Au tresna marang ibu
Tanpa ibu aku dudu sapa-sapa
Amarga ibu aku ana ning donya
Maturnuwun ibu
Aku tresna ibu
Judul: Kadang Bakul Pasar Bantul (Dalle Dalminto)
Bagaskara ing brang wetan durung methungul
Ngatonake praupan lan sunare njedhul
Bun esuk isih pating grandul
Ing pucuking godhong lan grumbul