Contoh Teks MC Tahlilan Bahasa Jawa, Singkat Mudah Dihafal

Kastolani Marzuki
Ilustrasi tahlilan dalam kenduri kematian. (Foto: Freepik)

(Pelaksanaan Acara Inti)

1. Waosan Ayat Suci Al-Qur'an

Para rawuh ingkang dipun rahmati Allah, minangka acara ingkang kaping kalih, inggih menika Waosan Ayat Suci Al-Qur'an. Dhumateng sedherek/bapak [Nama Qori/Qori’ah], wekdal saha papan katuraken. Kula sumanggakaken. (Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng [Nama Qori/Qori’ah]. Mugi-mugi kanthi waosan menika, manah kita sedaya langkung tentrem lan pikantuk berkah saking ngarsanipun Allah SWT.

2. Atur Pambagyaharja saking Shohibul Bait

Acara ingkang kaping tiga, inggih menika Atur Pambagyaharja utawi sambutan saking Shohibul Bait. Dhumateng Bapak/Ibu [Nama Tuan Rumah/Wakil], wekdal kula aturaken. (Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu [Nama Tuan Rumah/Wakil] ingkang sampun paring atur pambagyaharja. Mugi-mugi keluarga almarhum/almarhumah tansah pinaringan sabar, ikhlas, lan kekiyatan.

3. Waosan Tahlil lan Doa Arwah

Acara inti ingkang kaping sekawan, inggih menika Waosan Tahlil lan Doa Arwah. Pramila, dhumateng Panjenenganipun K.H./Ustadz [Nama Kyai/Ustadz], kula suwun kanthi sanget kersa mimpin lampahing Tahlil lan Doa Arwah kagem almarhum/almarhumah Bapak/Ibu [Nama Almarhum]. (Para rawuh dimohon mengikuti) Sumangga dhumateng para rawuh, kita sareng-sareng maos Tahlil kanthi khusyuk. Kula sumanggakaken. (Setelah selesai Doa) Matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng K.H./Ustadz [Nama Kyai/Ustadz]. Mugi-mugi sedaya amal ibadah almarhum/almarhumah dipun tampi, lan dipun papanaken wonten ing swarganipun Allah SWT.

(Penutup)

Para rawuh ingkang minulya, kanthi sampun dipun pungkasi maos doa, mila sampun paripurna sedaya reroncening acara Tahlil wonten ing dalu menika.

Kula minangka pambiwara, menawi wonten kirang langkungipun atur, saha lepat-lepat anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Itulah ulasan contoh teks MC tahlilan bahasa Jawa singkat dan mudah dihafalkan.

Editor : Kastolani Marzuki
Artikel Terkait
57 tahun lalu

Bacaan Doa dan Tahlil Malam Jumat NU, Lengkap Hadoroh Arab, Latin, dan Artinya

57 tahun lalu

Bacaan Surat Yasin Latin dan Tahlil, Lengkap Arab dan Artinya

57 tahun lalu

Bacaan Surat Yasin dan Tahlil Lengkap Doa Arwah, Latin, Arab dan Artinya

57 tahun lalu

Surat Yasin dan Tahlil Beserta Artinya, Lengkap dengan Doa Arwah

57 tahun lalu

Bacaan Surat Yasin Latin dan Tahlil, Teks Arab Lengkap Bahasa Indonesia 

Berita Terkini
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
Network Updates
News updates from 99+ regions
Personalize Your News
Get your customized local news
Login to enjoy more features and let the fun begin.
Kanal