Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : 40 Contoh Soal Ujian Sekolah IPS kelas 9, Lengkap dengan Jawabannya
Advertisement . Scroll to see content

3 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa, Menyentuh Hati!

Selasa, 08 Agustus 2023 - 23:43:00 WIB
3 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa, Menyentuh Hati!
Contoh pidato perpisahan kelas 9 bahasa Jawa (Foto: Istimewa)
Advertisement . Scroll to see content

Contoh 2

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Puji syukur tansah kita konjukaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ugi kasantosan dhumateng kita sedaya, saengga ing dinten punika kita sedaya saged nyawiji raos wonten ing acara pelepasan saha perpisahan siswa kelas 9 SMP.

Mboten kesupen kita aturaken shalawat saha salam dumateng Rasulullah SAW, mugi-mugi sapangatipun dhumateng kita wonten ing dinten akhir.

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru SMPN 1 Ngunut miwah para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula minangka wakilipun siswa kelas 9 ngaturaken sesorah ing kalodhangan menika.

Boten kraos lampahe wektu wis cepet sanget. Kala wingi rasane aku taksih mlebet kelas 7, bisa tepungan klawan kanca anyar, guyon-guyon, guyu-guyu, tepang klawan Bapak-Ibu Guru ingkang boten nate ngraos bosen anggone ndhidhik sarta mulang.

Sepisan mlebet ing sekolah ngriki, mesthinipun nate ndadosaken Bapak lan Ibu Guru bingung pripun carane ndidikit kita supados dados bocah ingkang mandiri sarta saged ngabekti dhumateng tiyang sepuh, agami, bangsa ugi nagara.

Kula minangka sesulihipun saking kanca-kanca kelas 9 badhe ngaturaken raos matur nuwun ingkang tanpa upami kagem para bapak lan ibu guru.

Awit saking sedaya perjuanganipun lan kaekhlasanipun para bapak lan ibu guru ingkang mucal ing sekolahan ngriki, saged dados lantaran anggen kula sakanca pikantuk biji ingkang sae ing Ujian Nasional.

Salajenge kula lan kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten menawi sadangunipun sinau wonten ing SMP ngriki kagungan kathah kalepatan, mboten jarang malah ndamel mangkel manahipun para guru.

Kagem kanca-kanca ingkang sampun lulus, sumangga kita nglajengaken pasinaon dhateng SMA utawi sederajat supados saged mujudaken gegayuhanipun.

Ingkang pungkasan kula nyuwun donga pangestu saking Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru, supados kaliyan kanca-kanca sapurnanipun saking pawiyatan ngriki bakal saged njaga arum sekolah ingkang bakal kaukir ing jiwa raga kula salaminya.

Ingkang pungkasan kula nyuwun agunge pangaksami menawi wonten tembung sarta tumindak kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan sedaya,

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh


Contoh 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kawula hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMP I Manyaran. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMP I Manyaran. Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP I Manyaran sedaya kemawon ingkang mboten saged kula sebat setunggal lan setunggalipun.

Puji syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kula panjenengan sami taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing ……….

Kula minangka wakil saking kelas sanga (9) ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan panjenengan sami anggenipun nggulawentah dumateng kula sakrencang, saengga saged ngrampungake kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMP I Manyaran kanthi lancar mboten wonten pambengan setunggal punapa.

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut