Kula sakrencang namung saged ngaturaken pandonga, mugi-mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales ingkang murwat saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan katentreman, saengga tansah saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.
Kula minangka wakil saking kelas sanga (9) ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan panjenengan sedaya anggenipun nggulawentah dumateng kula sakrencang, saengga kita saged ngrampungake kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMP I Manyaran.
Mboten kesupen, kula sakrencang nyuwun donga pangestu mugi-mugi sak pengker kula saking pawiyatan menika saged nerusaken dhateng pawiyatan ingkang sae.
Ingkang pungkasan, wasana cekap semanten atur kula, mbok menawi wonten gonyak-ganyuking atur saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Demikian contoh pidato perpisahan kelas 9 bahasa Jawa. Redaksi dari sejumlah contoh tersebut bisa diubah atau dihapus sesuai dengan kebutuhan.
Editor: Komaruddin Bagja
- Sumatra
- Jawa
- Kalimantan
- Sulawesi
- Papua
- Kepulauan Nusa Tenggara
- Kepulauan Maluku