Ing wayah bengi udan, swasana ing omah saya adhem. Nalika nedha bengi, ora ana siji ing kulawarga sing nggawe swara. Ora ana sing nesu utawa kuciwa, mung bapak lan ibu sing bingung arep mbayar biaya study tour sing kudu tak bayar sesuk.
Sejatine aku wis mutusake ora melu study tour, amarga aku ora pengin nambah bebane wong tuwaku. Nanging, sakdurunge aku omong ngomong yen aku ora gelem melu study tour, bapakku tegas pengen aku melu study tour.
Sawise nedha bengi aku langsung menyang kamar kanggo sinau. Sayange aku ora bisa konsentrasi sinau, luwih-luwih yen krungu tangisane ibu ing kamar sebelah. Aku ngerti banget kok ibukku nangis, nanging bapakku tetep ngeyel yen aku terus melu kegiatan sekolah. Bapak pancen priya sing ora nate nglilani putrane sedhih lan isin. Wektu kuwi sebenere wengi durung telat, isih sekitar jam 8 bengi, dumadakan sepi ing omah keprungu ketukan lawang. Pranyata tamu sing teka yaiku Pak RT sing nggawa amplop kandel.
Bapak sing mbukak lawang ngajak Pak RT mlebu lan sakwise omong-omongan, pak RT masrahake amplop marang bapak. Bapak mesthi gumun kok Pak RT ujug-ujug ngulungake amplop, Pak RT njlentrehake yen dhuwit ing amplop kuwi kanggo pembayaran lemah sing sawetara sasi kepungkur wis digunakake kanggo tambahan dalan desa.
Dhuwit kanggo pambayaran lemah iku sejatine ora nate diduga bapakku amarga bapakku wis nyerahake lemah kanggo dalan umum. Untunge kawicaksanan desa ora kaya sing dikira bapakku, amarga desa mutusake tuku lemah sing wis ditinggal bapakku kanggo dalan desa. Sawise Pak RT mulih, ibu mlebu kamar lan langsung ngrangkul aku, banjur ibu menehi dhuwit kanggo mbayar biaya study tour. Bengi iku aku matur nuwun banget kanggo hadiah sing ora dikarepake.