Saking bingungku mbudiaya amrih pitikku waras. Pitikku dakomongi, “Tik…pitik. warasa, ya! Kowe yen waras ora bakal dakdol.”
Anehe, sawise dakomongi kaya ngono. Sawetara dina candhake pitikku waras. Lan nalika wis dadi jago tenanan. Pitik mau ana sing nawa sayuta regane.
Senajan wektu kuwi butuh banget dhuwit. Nanging merga wis janji, wusanane pitik tetep ora dakdol. Wediku yen dakdol, aku bakal nemu pepalang kang gedhe.