Get iNews App with new looks!
inews
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : Kecelakaan Mobil Tabrak Tenda Maulid Nabi di Kembangan Jakbar, 2 Orang Luka-Luka
Advertisement . Scroll to see content

8 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi yang Singkat dan Mudah Dipahami

Jumat, 06 September 2024 - 23:04:00 WIB
8 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi yang Singkat dan Mudah Dipahami
Contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi (Foto: Istimewa)
Advertisement . Scroll to see content

Wonteningkalodhanganpunikakulabadhengaturaken pidato ngengingiwiyosipun Nabi Muhammad SAW. Sedulur-sedulurku sing dirahmati dening Allah SWT. Rasulullah SAW miyos ing Mekah tanggal 12 Rabiul Awal taun Gajah utawi Amul Isi, tepatipun taun 570 M.

Nabi Muhammad SAW tuwuh wonten ing masyarakat ingkang kebak kabodhoan lan kekirangan. Mula Allah SWT ngutus kanjeng Nabi Muhammad SAW supaya dadi tuntunan lan mbenerake dalan tumrap wong kang kesasar.

Sedulur-sedulurku sing tak tresnani. Miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring piwulang bab iman ingkang kiyat, welas asih dhateng sesami, jujur, andhap asor, lan sanes-sanesipun. Dheweke uga mulang awake dhewe supaya sabar lan tulung-tinulung.

Pramila saking menika kathah sifat saha piwulangipun Nabi Muhammad SAW ingkang kedah kita tindakaken. Ora mung ngelakoni sifat-sifat teladan, nanging uga ningkatake ibadah lan akhlak supaya bisa dadi manungsa sing migunani.

Saderengipun kula mungkasi pidato punika sumangga kita sumanggaaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, mugi-mugi miyosipun kanjeng Nabi Muhammad SAW paring pitedah dhumateng kita sedaya supados nindakaken sedaya ajaranipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut