Mekaten menggah rantaman adciro ingkang badhe kalampah wonten ing pengahosan dalu meniko. Lan adciro ingkang kaping sepindah inggih puniko pambuko monggo adicoro pengahosan umum.
Niki dalam rangka pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW wonten ing dalu/siang/sonten meniko kito purwakani sesarengan kanti wahosan Suratul Fatihah, mugi-mugi kanti wahosan kito sami adicoro dalu meniko saget kalampah kanti lancar kangti mboten wonten aral satunggal punopo, monggo kawulo dereaken.
(Al-Fatihah)
Maturnuwun, kalajengaken adicoro ingkang ongko kalih nuwun inggih wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkan badhe kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), wekdal soho sasono dipun sumanggaaken.
(Setelah membaca Al-Qur'an)
Mekaten wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang sampun kawahos deneng panjenenganipun Al Ustadz (...), peramilo dumateng panjenenganipun dipun aturaken matur suwun.
Kalajenganken adicoro ingkang ongko tigo, inngih puniko tahlil, ingkan badhe dipun pimpin panjenenganipun Bapak KH (...), dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono dipun aturaken sumonggo.
- Sumatra
- Jawa
- Kalimantan
- Sulawesi
- Papua
- Kepulauan Nusa Tenggara
- Kepulauan Maluku